RAMALAN JAYA BAYA

Ramalan Jayabaya adalah ramalan dalan tradisi Jawa yang dipercaya di tulis oleh Jayabaya, Raja Kerajaan Kediri

1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran — Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.

2. Tanah Jawa kalungan wesi — Pulau Jawa berkalung besi.

3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang — Perahu berlayar di ruang angkasa.

4. Kali ilang kedhunge — Sungai kehilangan lubuk.

5. Pasar ilang kumandhang — Pasar kehilangan suara.

6. Iku tandha yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak — Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.

7. Bumi saya suwe saya mengkeret — Bumi semakin lama semakin mengerut.

8. Sekilan bumi dipajeki — Sejengkal tanah dikenai pajak.

9. Jaran doyan mangan sambel — Kuda suka makan sambal.

10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang — Orang perempuan berpakaian lelaki.

11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman— Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik

12. Akeh janji ora ditetepi — Banyak janji tidak ditepati.

13. Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe— Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.

Manungsa padha seneng nyalah— Orang-orang saling lempar kesalahan.
14. Ora ngendahake hukum Allah— Tak peduli akan hukum Allah.

15. Barang jahat diangkat-angkat— Yang jahat dijunjung-junjung.

16. Barang suci dibenci— Yang suci (justru) dibenci.

17. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit— Banyak orang hanya mementingkan uang.

18. Lali kamanungsan— Lupa jati kemanusiaan.

19. Lali kabecikan— Lupa hikmah kebaikan.

20. Lali sanak lali kadang— Lupa sanak lupa saudara.

21. Akeh bapa lali anak— Banyak ayah lupa anak.

22. Akeh anak wani nglawan ibu— Banyak anak berani melawan ibu.

23. Nantang bapa— Menantang ayah.

24. Sedulur padha cidra— Saudara dan saudara saling khianat.

25. Kulawarga padha curiga— Keluarga saling curiga.

26. Kanca dadi mungsuh — Kawan menjadi lawan.

27. Akeh manungsa lali asale — Banyak orang lupa asal-usul.

28. Ukuman Ratu ora adil — Hukuman Raja tidak adil

29. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil— Banyak pejabat jahat dan ganjil

30. Akeh kelakuan sing ganjil — Banyak ulah-tabiat ganjil

31. Wong apik-apik padha kapencil — Orang yang baik justru tersisih.

32. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin — Banyak orang kerja halal justru malu.

33. Luwih utama ngapusi — Lebih mengutamakan menipu.

34. Wegah nyambut gawe — Malas menunaikan kerja.

35. Kepingin urip mewah — Inginnya hidup mewah.

36. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka — Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.

37. Wong bener thenger-thenger — Si benar termangu-mangu.

38. Wong salah bungah — Si salah gembira ria.

39. Wong apik ditampik-tampik— Si baik ditolak ditampik.

40. Wong jahat munggah pangkat— Si jahat naik pangkat.

41. Wong agung kasinggung— Yang mulia dilecehkan

42. Wong ala kapuja— Yang jahat dipuji-puji.

43. Wong wadon ilang kawirangane— perempuan hilang malu.

44. Wong lanang ilang kaprawirane— Laki-laki hilang perwira/kejantanan

45. Akeh wong lanang ora duwe bojo— Banyak laki-laki tak mau beristri.

46. Akeh wong wadon ora setya marang bojone— Banyak perempuan ingkar pada suami.

47. Akeh ibu padha ngedol anake— Banyak ibu menjual anak.

48. Akeh wong wadon ngedol awake— Banyak perempuan menjual diri.

49. Akeh wong ijol bebojo— Banyak orang tukar pasangan.

50. Wong wadon nunggang jaran— Perempuan menunggang kuda.

51. Wong lanang linggih plangki— Laki-laki naik tandu.

52. Randha seuang loro— Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).

53. Prawan seaga lima— Lima perawan lima picis.

54. Dhudha pincang laku sembilan uang— Duda pincang laku sembilan uang.

55. Akeh wong ngedol ngelmu— Banyak orang berdagang ilmu.

56. Akeh wong ngaku-aku— Banyak orang mengaku diri.

57. Njabane putih njerone dhadhu— Di luar putih di dalam jingga.

58. Ngakune suci, nanging sucine palsu— Mengaku suci, tapi palsu belaka.

59. Akeh bujuk akeh lojo— Banyak tipu banyak muslihat.

60. Akeh udan salah mangsa— Banyak hujan salah musim.

61. Akeh prawan tuwa— Banyak perawan tua.

62. Akeh randha nglairake anak— Banyak janda melahirkan bayi.

63. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne— Banyak anak lahir mencari bapaknya.

64. Agama akeh sing nantang— Agama banyak ditentang.

65. Prikamanungsan saya ilang— Perikemanusiaan semakin hilang.

66. Omah suci dibenci— Rumah suci dijauhi.

67. Omah ala saya dipuja— Rumah maksiat makin dipuja.

68. Wong wadon lacur ing ngendi-endi— Di mana-mana perempuan lacur

69. Akeh laknat— Banyak kutukan

70. Akeh pengkianat— Banyak pengkhianat.

71. Anak mangan bapak—Anak makan bapak.

72. Sedulur mangan sedulur—Saudara makan saudara.

73. Kanca dadi mungsuh—Kawan menjadi lawan.

74. Guru disatru—Guru dimusuhi.

75. Tangga padha curiga—Tetangga saling curiga.

76. Kana-kene saya angkara murka — Angkara murka semakin menjadi-jadi.

77. Sing weruh kebubuhan—Barangsiapa tahu terkena beban.

78. Sing ora weruh ketutuh—Sedang yang tak tahu disalahkan.

79. Besuk yen ana peperangan—Kelak jika terjadi perang.

80. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor—Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.

81. Akeh wong becik saya sengsara— Banyak orang baik makin sengsara.

82. Wong jahat saya seneng— Sedang yang jahat makin bahagia.

83. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul— Ketika itu burung gagak dibilang bangau.

84. Wong salah dianggep bener—Orang salah dipandang benar.

85. Pengkhianat nikmat—Pengkhianat nikmat.

86. Durjana saya sempurna— Durjana semakin sempurna.

87. Wong jahat munggah pangkat— Orang jahat naik pangkat.

88. Wong lugu kebelenggu— Orang yang lugu dibelenggu.

89. Wong mulya dikunjara— Orang yang mulia dipenjara.

90. Sing curang garang— Yang curang berkuasa.

91. Sing jujur kojur— Yang jujur sengsara.

92. Pedagang akeh sing keplarang— Pedagang banyak yang tenggelam.

93. Wong main akeh sing ndadi—Penjudi banyak merajalela.

94. Akeh barang haram—Banyak barang haram.

95. Akeh anak haram—Banyak anak haram.

96. Wong wadon nglamar wong lanang—Perempuan melamar laki-laki.

97. Wong lanang ngasorake drajate dhewe—Laki-laki memperhina derajat sendiri.

98. Akeh barang-barang mlebu luang—Banyak barang terbuang-buang.

99. Akeh wong kaliren lan wuda—Banyak orang lapar dan telanjang.

100. Wong tuku ngglenik sing dodol—Pembeli membujuk penjual.

101. Sing dodol akal okol—Si penjual bermain siasat.

102. Wong golek pangan kaya gabah diinteri—Mencari rizki ibarat gabah ditampi.

103. Sing kebat kliwat—Siapa tangkas lepas.

104. Sing telah sambat—Siapa terlanjur menggerutu.

105. Sing gedhe kesasar—Si besar tersasar.

106. Sing cilik kepleset—Si kecil terpeleset.

107. Sing anggak ketunggak—Si congkak terbentur.

108. Sing wedi mati—Si takut mati.

109. Sing nekat mbrekat—Si nekat mendapat berkat.

110. Sing jerih ketindhih—Si hati kecil tertindih

111. Sing ngawur makmur—Yang ngawur makmur

112. Sing ngati-ati ngrintih—Yang berhati-hati merintih.

113. Sing ngedan keduman—Yang main gila menerima bagian.

114. Sing waras nggagas—Yang sehat pikiran berpikir.

115. Wong tani ditaleni—Si tani diikat.

116. Wong dora ura-ura—Si bohong menyanyi-nyanyi

117. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane—Raja ingkar janji, hilang wibawanya.

118. Bupati dadi rakyat—Pegawai tinggi menjadi rakyat.

119. Wong cilik dadi priyayi—Rakyat kecil jadi priyayi.

120. Sing mendele dadi gedhe—Yang curang jadi besar.

121. Sing jujur kojur—Yang jujur celaka.

122. Akeh omah ing ndhuwur jaran—Banyak rumah di punggung kuda.

123. Wong mangan wong—Orang makan sesamanya.

124. Anak lali bapak—Anak lupa bapa.

125. Wong tuwa lali tuwane—Orang tua lupa ketuaan mereka.

126. Pedagang adol barang saya laris—Jualan pedagang semakin laris.

127. Bandhane saya ludhes—Namun harta mereka makin habis.

128. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan—Banyak orang mati lapar di samping makanan.

129. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara—Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.

130. Sing edan bisa dandan—Yang gila bisa bersolek.

131. Sing bengkong bisa nggalang gedhong—Si bengkok membangun mahligai.

132. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil—Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.

133. Ana peperangan ing njero—Terjadi perang di dalam.

134. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham—Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.

135. Durjana saya ngambra-ambra—Kejahatan makin merajalela.

136. Penjahat saya tambah—Penjahat makin banyak.

137. Wong apik saya sengsara—Yang baik makin sengsara.

138. Akeh wong mati jalaran saka peperangan—Banyak orang mati karena perang.

139. Kebingungan lan kobongan—Karena bingung dan kebakaran.

140. Wong bener saya thenger-thenger—Si benar makin tertegun.

141. Wong salah saya bungah-bungah—Si salah makin sorak sorai.

142. Akeh bandha musna ora karuan lungane—Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe Banyak harta hilang entah ke mana, Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.

143. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram—Banyak barang haram, banyak anak haram.

144. Bejane sing lali, bejane sing eling—Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.

145. Nanging sauntung-untunge sing lali—Tapi betapapun beruntung si lupa.

146. Isih untung sing waspada—Masih lebih beruntung si waspada.

147. Angkara murka saya ndadi—Angkara murka semakin menjadi.

148. Kana-kene saya bingung—Di sana-sini makin bingung.

149. Pedagang akeh alangane—Pedagang banyak rintangan.

150. Akeh buruh nantang juragan—Banyak buruh melawan majikan.

151. Juragan dadi umpan—Majikan menjadi umpan.

152. Sing suwarane seru oleh pengaruh—Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.

153. Wong pinter diingar-ingar—Si pandai direcoki.

154. Wong ala diuja—Si jahat dimanjakan.

155. Wong ngerti mangan ati—Orang yang mengerti makan hati.

156. Bandha dadi memala—Hartabenda menjadi penyakit

157. Pangkat dadi pemikat—Pangkat menjadi pemukau.

158. Sing sawenang-wenang rumangsa menang — Yang sewenang-wenang merasa menang

159. Sing ngalah rumangsa kabeh salah—Yang mengalah merasa serba salah.

160. Ana Bupati saka wong sing asor imane—Ada raja berasal orang beriman rendah.

161. Patihe kepala judhi—Maha menterinya benggol judi

162. Wong sing atine suci dibenci—Yang berhati suci dibenci

163. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat—Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.

164. Pemerasan saya ndadra—Pemerasan merajalela.

165. Maling lungguh wetenge mblenduk — Pencuri duduk berperut gendut.

166. Pitik angrem saduwure pikulan—Ayam mengeram di atas pikulan.

167. Maling wani nantang sing duwe omah—Pencuri menantang si empunya rumah.

168. Begal pada ndhugal—Penyamun semakin kurang ajar.

169. Rampok padha keplok-keplok—Perampok semua bersorak-sorai.

170. Wong momong mitenah sing diemong—Si pengasuh memfitnah yang diasuh

171. Wong jaga nyolong sing dijaga—Si penjaga mencuri yang dijaga.

172. Wong njamin njaluk dijamin—Si penjamin minta dijamin.

173. Akeh wong mendem donga—Banyak orang mabuk doa.

174. Kana-kene rebutan unggul—Di mana-mana berebut menang.

175. Angkara murka ngombro-ombro—Angkara murka menjadi-jadi.

176. Agama ditantang—Agama ditantang.

177. Akeh wong angkara murka—Banyak orang angkara murka.

178. Nggedhekake duraka—Membesar-besarkan durhaka.

179. Ukum agama dilanggar—Hukum agama dilanggar.

180. Prikamanungsan di-iles-iles—Perikemanusiaan diinjak-injak.

181. Kasusilan ditinggal—Tata susila diabaikan

182. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi—Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.

183. Wong cilik akeh sing kepencil—Rakyat kecil banyak tersingkir.

184. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil—Karena menjadi kurban si jahat si laknat.

185. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit—Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.

186. Lan duwe prajurit—Dan punya prajurit.

187. Negarane ambane saprawolon—Lebar negeri seperdelapan dunia.

188. Tukang mangan suap saya ndadra—Pemakan suap semakin merajalela.

189. Wong jahat ditampa—Orang jahat diterima.

190. Wong suci dibenci—Orang suci dibenci.

191. Timah dianggep perak—Timah dianggap perak.

192. Emas diarani tembaga—Emas dibilang tembaga

193. Dandang dikandakake kuntul—Gagak disebut bangau.

194. Wong dosa sentosa—Orang berdosa sentosa.

195. Wong cilik disalahake—Rakyat jelata dipersalahkan.

196. Wong nganggur kesungkur—Si penganggur tersungkur.

197. Wong sregep krungkep—Si tekun terjerembab.

198. Wong nyengit kesengit—Orang busuk hati dibenci.

199. Buruh mangluh—Buruh menangis.

200. Wong sugih krasa wedi—Orang kaya ketakutan.

201. Wong wedi dadi priyayi—Orang takut jadi priyayi.

202. Senenge wong jahat—Berbahagialah si jahat.

203. Susahe wong cilik—Bersusahlah rakyat kecil.

204. Akeh wong dakwa dinakwa—Banyak orang saling tuduh.

205. Tindake manungsa saya kuciwa—Ulah manusia semakin tercela.

206. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi—Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.

207. Wong Jawa kari separo—Orang Jawa tinggal separo.

208. Landa-Cina kari sejodho — Belanda-Cina tinggal sepasang.

209. Akeh wong ijir, akeh wong cethil—Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.

210. Sing eman ora keduman—Si hemat tidak mendapat bagian.

211. Sing keduman ora eman—Yang mendapat bagian tidak berhemat.

212. Akeh wong mbambung—Banyak orang berulah dungu.

213. Akeh wong limbung—Banyak orang limbung.

214. Selot-selote mbesuk wolak-waliking jaman teka—Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.

referensi: pipim

Baca Selengkapnya...

ASAL USUL AKSARA JAWA

pada jaman dulu, di Pulau Majethi, hidup seorang satria bernama Ajisaka. Selain ganteng, Ajisaka juga punya ilmu tinggi dan sakti. Ajisaka punya dua orang punggawa bernama Dora san Sembada. Dua orang itu sangat setia dan nurut sama Ajisaka. Suatu hari, Ajisaka ingin pergi berkelana, bertualang meninggalkan Pulau Majethi. Dora pergi menemani Ajisaka sedangkan Sembada tetap tinggal di Pulau Majethi karena Ajisaka memerintahkan Sembada untuk menjaga pusaka Ajisaka yg paling sakti. Ajisaka berpesan pada Sembada bahwa Sembada ga boleh menyerahkan pusaka itu kepada siapapun kecuali Ajisaka.

Nah, pada waktu itu di Jawa ada negara yang terkenal makmur, aman, dan damai, yang berjudul Medhangkamulan. Negara itu dipimpin oleh Prabu Dewatacengkar, raja yang berbudi luhur dan bijaksana. Seuatu hari, juru masak kerajaan tidak sengaja memotong jarinya waktu masak. Juru masak itu ga sadar bahwa potongan jarinya masuk ke hidangan yang akan disuguhkan kepada Sang Raja. Tanpa sengaja juga, jari itu termakan oleh Prabu Dewatacengkar. Ga disangka, Prabu Dewatacengkar merasa daging yang dia makan sangat lezat, kemudian ia mengutus patihnya menanyai juru masak kerajaan. Ternyata kemudian diketahui bahwa yang tadi dimakan oleh Prabu Dewatacengkar adalah daging manusia, ia memerintahkan kepada patihnya untuk menyiapkan seorang rakyatnya untuk disantap setiap harinya. Sejak itu Prabu Dewatacengkar punya hobi baru, yaitu makan danging manusia. Wataknya berubah jadi jahat dan senang melihat orang menderita. Negara itu berubah jadi negara yang sepi karena satu per satu rakyatnya dimakan oleh rajanya, ada juga rakyat yang lari menyelamatkan diri. Sang Patih bingung, karena ga ada lagi rakyat yang bisa disuguhkan kepada rajanya.

Saat itulah Ajisaka bersama Dora sampe di Medhangkamulan. Ajisaka heran melihat keadaan negara yang sunyi dan menyeramkan itu, kemudian ia mencari tahu sebabnya. Setelah tau apa yang terjadi di Medhangkamulan. Ajisaka lalu menghadap Patih, menyatakan bahwa ia sanggup menjadi santapan Sang Raja. Awalnya Sang Patih tidak mengijinkan Ajisaka yang masih muda dan (ehem..) ganteng jadi santapan Prabu Dewatacengkar, tapi Ajisaka tetep maksa sampe akhirnya dia dibawa juga untuk menghadap Prabu Dwatacengkar. Sang Prabu juga heran, kenapa orang yang masih muda dan tampan mau-mau aja jadi santapannya. Ajisaka mengajukan syarat, dia rela dimakan Sang Prabu asal dia dihadiahi tanah seluas ikat kepalanya. Selain itu, Ajisaka juga minta Prabu Dewatacengkar sendiri yang mengukur tanah tersebut. Permintaan itu dikabulkan oleh Sang Prabu. Ajisaka kemudian meminta Prabu Dewatacengkar menarik salah satu ujung ikat kepalanya. Ajaibnya, ikat kepala itu mulur terus kayak ga ada habisnya. Prabu Dewatacengkar terpaksa mundur dan mundur terus mengikuti ikat kepala itu sampe di tepi laut selatan. Ajisaka mengibaska ikat kepala tersebut, hal ini membuat Prabu Dewatacengkar terlempar ke laut. Wujud Prabu Dewatacengkar lalu berubah menjadi buaya putih, sedangkan Ajisaka menjadi raja di Medhangkamulan.

Setelah jadi raja, Ajisaka menyuruh Dora pergi ke Pulao Majethi untuk ngambil pusaka yang dijaga oleh Sembada. Sampe di Pulau Majethi, Dora menjelaskan pada Sembada bahwa dia datang atas perintah Ajisaka untuk mengambil pusaka yang dijaga Sembada. Sembada yang patuh pada pesan Ajisaka ga mau ngasih pusaka itu ke Dora. Dora memaksa agar pusaka itu diserahkan ke dia. Akhirnya dua orang itu bertarung. Karena dua-duanya sama-sama sakti, pertarungan berlangsung seru sampai mereka berdua tewas.

Prabu Ajisaka mendengar kabar kematian Dora san Sembada. Dia menyesal mengingat kelalaiannya dan kesetiaan Dora dan Sembada. Untuk mengabadkan dua punggawanya itu Ajisaka menciptakan sebuah aksara yang bunyinya :
ha na ca ra ka
Ana utusan (ada utusan)
da ta sa wa la
Padha kekerengan (saling berselisih pendapat)
pa dha ja ya nya
Padha digdayané (sama-sama sakti)
ma ga ba tha nga
Padha dadi bathangé (sama-sama mejadi mayat)

Baca Selengkapnya...

SENGKALAN

Sengkalan

Tembung “sengkalan” asalé saka tembung “saka” lan “kala”

Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu.

Sakakala yaiku kalané ana ratu golongan çaka kang jumeneng ing tanah Indhu sisih kidul, lan wektu iku wiwitan\é tahun saka, yaiku taun 1 utawa taun 78 masèhi.

Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn unèn kang nduwèni teges angkaning taun.

Jaman biyèn kang kanggo pétungan ing Tanah Jawa taun Saka.

Nanging saiki ana kang migunakaké taun rembulan, yaiku kang pétungan sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”.

Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé, diarani: “Suryasengkala”

Adhedhasar wujud lan dhapukané, sengkalan ana warna loro;

1. Sengkalan lamba,

yaiku sengkalan kang awujud kumpulaning tembung utawa wujud
ukara.

2. Sengkalan memet,

yaiku sengkalan kang awujud gegambaran utawa pepethan.


Mungguh carané nyurasa utawa maca sengkalan iku kawiwitan saka ékané, banjur dasan, yèn ana atusan lan éwoné.

Tuladha : Rupa sirna retuning rumi
Rupa = 1 (ékan)

sirna = 0 (dasan)

retu = 6 (atusan)

bumi = 1 (éwon) dadi taun : 1601

Mungguh carané nggoléki aji utawa wataking tembung miturut Candra Sangkala karangané Ki Bratakésawa, kena migunakaké wewaton sawetara, yaiku:

1. Guru Dasa nama,

Tembung tembung kang padha tegesé dianggep padha ajiné.

Tembung: ratu, naréndra, nata, katong, pamasé, aji, iki kabèh watak
siji.

2. Guru sastra,

Tembung tembung kang sastrané utawa panulisé padha, ajining uga
padha.

Tembung: êsthi, kang ateges gajah, èsthi kang ateges sedya utawa
pikir ajiné padha yaiku: wolu.

3. Guru wanda,

Tembung tembung nduwèni wanda kang padha, ajiné dianggep padha.

Tembung: wanita, ajiné padha karo tembung wani, tembung buja ajiné
padha karo tembung bujana, lsp.

4. Guru warga,

Tembung tembung kang mratélakaké jeneng kang nunggal bangsa
utawa warga, ajiné padha, kayata: ula, baya, bulus, tekèk, cecak,
kadhal iku kabèh kalebu kéwan ingkang rumangkang, dadi padha
ajiné, yaiku: wolu.

5. Guru karya,

Tanduking sawijining tembung, kaanggep padha ajiné karo tembung
iku.

Kayata : tangan ajiné padha karo nyekel, mripat padha ajiné karo
tembung ndeleng utama mandeng, lsp.

6. Guru sarana,

Jenengé piranti kang kanggo nindakaké sawijining kriyané, kaanggep
padha ajiné karo tembung iku.
Kayata : ilat karo rasa, padha ajiné yaiku nenem.

7. Guru darwa,

Tembung kaanan, kaanggep padha ajiné karo tembung kang
kadunungan kaanan iku.

Kayata : tembung galak padha ajiné karo tembung danawa, bentèr
padha karo latu, lsp.

8. Guru Jarwa,

Tembung tembung kang jarwané padha utawa mèh padha ajine uga
padha.

Tembung rasa padha karo raras, basu padha karo sawer, lsp.

Tembung tembung kang dianggep nduwèni watak utawa ajining wilangan :

I. Kang awatak siji.

1. Tembung tembung kang cacahé mung siji:

nabi, wudel, bumi, buntut, iku, sirah, ratu, aji, nata, wiji, ati, tyas,
badan, lsp.

2. Tembung tembung araning barang kang wanguné bunder:

rembulan, bumi, jagad, rupa, srengéngé, rai, lèk, candra, wulan, lsp.

3. Tembung tembung kang ateges siji:

tunggal, éka, iji, juga, lsp.

4. Tembung tembung liyane:

urip, gusti, janma, kenya, prawan, nyata, putra, sunu, lsp.

II. Kang awatak loro:

1. Tembung tembung kang cacahé loro:

mripat, kuping, tangan, asta, suku, dresthi, buja, athi athi, swiwi,
lsp.

2. Tembung tembung kang nuduhaké kriyané tembung ing ndhuwur:

ndeleng, ngrungu, ndulu, nembah, myat, lsp.

3. Tembung tembung kang teges loro:

dwi, kalih, lsp.

4. Tembung tembung liyané:

gandhèng, kanthi, kanthèt, lsp.

III. Kang awatak telu:

1. Kang nduwèni sesipatan telu:

geni, bahni, pawaka, siking, dahana, anala, utawaka, puji, lsp.

2. Tembung tembung kang kanggo wanda tri utawa teges telu:

mantri, tiga, hantelu, lsp.

3. Tembung tembung: ula, lintah, ujel, welut, nalincing, lir, kaya,
wignya, wrin, guna, kukus, panas, lsp.

IV. Kang Awatak papat:

1. Bangsané banyu utawa kang ngemu banyu:

hèr, sindang, suci, tirta, wédang, bun, udan, sagara, waudadi,
jalanidhi, bening, nadi, sumber, sumur, wasuh, lsp.

2. Tembung kang ateges papat, catur, pat, lsp.

3. Tembung kang ateges gawé: karta, karya, kirti, lsp.

V. Kang awatak lima:

1. Araning barang kang cacah lima: indri, indriya, dhawa, lsp.

2. Bangsané buta: danawa, jaksa, diyu, wil, raseksa, lsp.

3. Bangsané gegaman: panah, warajang, bana, sara, lsp.

4. Bangsané angin: bayu, samirana, maruta, anila, sindung, lsp.

5. Tembung tembung liyané: wisikan, wisaya, pancawara, lungit,
landhep, galak, lsp.

6. Tembung kang teges lima: gangsal, panca, lsp.

VI. Kang awatak enem:

1. Tembung tembung kang mratélakaké rasa: pedhes, amla, kecut,
tikta, pait, kyasa, gurih, dura, asin, legi, lsp.

2. Tembung tembung kang nduwèni sipat kang gegayuhan tembung
tembung ing ndhuwur : gendhis, gula, uyah, lsp.

3. Tembung tembung jeneng kéwan kang asikil enem: tawon, bramara,
kombang, anggang anggang semut, lsp.

4. Tembung tembung liyané: raras, retu, ojag, obah, prabatang,
wayang, sedhih, ilat, kilat, lsp.

VII. Kang awatak pitu:

1. Bangsané kang amaratapa: wiku, biksu, resi, dwija, dhita,
yogiswara, muni, suyati.

2. Dasanamané jaran: kuda, wajik, aswa, turangga, lsp.

3. Dasanamané gunung: ardi, prawata, giri, ancala, wukir, lsp.

4. Tembung tembung liyané: angsa, gora, swara, wulang, weling,
sabda, suka, lsp.

VIII. Kang awatak wolu:

1. Tembung tembung kang kagolong kéwan rumangkang: baya, bajul,
slira, menyawak, tanu, bunglon, murti, basu, tekèk, cecak, ula, naga,
bujangga, taksaka, lsp.

2. Dasnananing gajah: dwipangga, liman, èsthi, dirada, matengga,
kunjara, lsp.

3. Tembung tembung liyané: samadya, brahman, manggala, lsp.

IX. Kang awatak sanga:

1. Barang barang kang wujudé bolong: gapura, guwa, dwara, wiwara,
gatra, wilasita, rong, trusta, trusthi, song, babahan, lsp.

2. Tembung tembung liyané: ganda muka, butul, déwa, ambuka,
wangi, lsp.

X. Kang awatak sapuluh utawa das:

1. Yaiku tembung tembung kang ngemu teges ora ana utawa suwung:
sunya, boma, gegana, wijat, nir, tanpa, ilang, mletik, sirna, musna,
adoh, antariksa, rusak, luhur, dhuwur, muksa, ngumbara, muluk,
mumbul, das, awang awang, angles, méntar, oncat, asat, surut,
sempal, tumenga, mesat, lsp.

A. Sengkalan Lamba.

Kang diarani sengkalan lamba yaiku sengkalan kang awujud ukara
utawa kumpulaning tembung, sengkalan lamba kang akèh tinemu ing
layang layang.

Ana manèh kang tinemu ing yayasan, pasareyan, padusan, gapura, lsp.

Tuladha:

1. Yama sunya surya = taun 1202.

2. Sapta yana surya = taun 1217.

3. Indu bana dwi rupa = taun 1254.

4. Dwi gaya rawi = taun 1282.

5. Dwara adri pana indu = taun 1279.

6. Sanga kuda cuddha candrama = taun 1079.

Tinemu ing layang Bharatayudha – Mpu sedhah – Mpu Panuluh.

7. Panerus tingal tataning nabi = tahun 1529

Tinemu ing layang Suluk Wujil – Sunan Bonang.

B. Sengkala Memet.

1. Ing Tratagrambat kraton Ngayohyakarta sisih lor ana gambar tawon
cacahé lima lan slira (menyawak) siji, iku kena diwaca :
Panca gana salira tunggal = taun 1865.

2. Ing magangan kraton Ngayogyakarta, ana pepethan wujud ula naga
loro, pethité padha pepuletan, iku kena diwaca: Dwi naga ngrasa
tunggal = tahun 1682.

3. Ing kratosn Surakarta ana pepethan naga kang ditumpaki manungsa,
iku kena diwaca: Naga muluk tinitihan janma = taun 1708.

Ana uga warana kang digawé saka walulang kebo kang direngga
rengga, iku kena diwaca: Walulang kebo siji utawa Wolu ilang
kebo siji = taun 1708

4. Ana pepethan wujdé bunderan pepindhaning jagad kang dicekeli
déning buta cacahé telu, iku kena diwaca : Buta telu ngojag jagad
utawa Tri jaksa ngojag buwana = taun 1635.

5. Ana gegambaran wujud sula cacahé telu lan ing tengah ana gambar
kembang, iku kena diwaca : Tri sula kembang lata = taun 1953,

C. Pangrakiting ukara.

Tembung sapada kudu kaangkah mujudaké ukara wutuh, isi pangertèn
ganep.

Aja nganti wujud ukara kang durung rampung.

Manawa gatra wekasan isih kudu disambung ukara ing pada candhaké
ana ing rasa ora kepénak.

Tembung kang becik, saben sagatra kudu mengku surasa wutuh, lan
rakitaning gatra siji lan sijiné dalem tembang sapada, mengku
isi wutuh.

Manawa arep ngarang tembang sadurungé prelu ngélingi prakara
prakara kang prelu,
Kayata:

1. Prelu migatèkaké dasanamaning tembung tembung.

Upama tembung: ratu iku duwé dasanama: katong, nata, narpati,
pamasé, dhatu, raja, aji, lsp.

Iku prelu banget kanggo nemtokaké tibaning swara ing
pungkasaning gatra.

2. Kena ngowahi susunaning ukara, lumrah kasebut baliswara.

Tuladha : Anoman sampun malumpat, diowahi: Anoman malumpat
sampun.

3. Kena ngowahi swara, kayata:

brangta dadi karti

prapta dadi prapti

brangta dadi brangti

marang dadi maring

dipati dadi dipatya, lsp.

Kanggo ngoyak guru wilangan:

1. Kena ngulur utawa ngungkret wanda:

sru dadi asru

prang dadi perang

tan dadi datan

trus dadi terus

lumaku dadi mlaku

gelebyar dadi glebyar

kerelip dadi krelip

sinerang dadi sinrang, lsp.

2. Kena mancah tembung:

puniku dadi niku

pijer dadi jer

déné dadi dé

ingkang dadi kang

3. Kena nggarba tembung loro utawa luwih:

ana + ing dadi anèng

lagi + antuk dadi lagyantuk

kadya + iku dadi kadyèku

sira + arsa dadi sirarsa.

Baca Selengkapnya...